Friday, January 09, 2015

Rai Standar

‎Wingi aku liwat nang Wonokromo, nganggo motorku sing anyar, tekan dalan ono operasi zebra.Aku ditilang mergo menurut pak polisi, spione kudu standar.Aku keno Rp50.000, yo wis aku trimo. Pendak dino, bèn ora keno tilang spione tak ganti "Standar".lsuk iki aku mruput nang Wonokromo, eh.. ono operasi menèh. Tapi aku pédé banget, jebul aku malah diamuk polisi, diunèkké GOBLOK..., Spion kok diganti "Standar".(Padahal aku kurang kepiyé..spion wis tak ganti "Standar"), nganti nèk markir motor aku répot, kudu tak sèndèkké témbok, mergo "Standar"é tak nggo ganti spion....

Dikirim dari ponsel cerdas BlackBerry 10 saya dengan jaringan XL.

No comments: