Saturday, January 17, 2015

Warno Cah Progo Numpak Bus

‎Warno (8th) cah Ponorogo arep lungo, di-terke mbok'e nyegat
bis ..
Kernet Bis : Suroboyo!....Suroboyo bu ??
M'Boke Warno : Pak' tulung nggih! mengke nek pun tekan
Jombang, lare niki dikandani..!! (karo munggahke Warno nang
Bis)
Kernet : Nggih bu.....tariiiiik!!!!
(Nang tengah dalan, Warno takon kenek Bis).
Warno : "wis cedhak Jombang durung Lik?"
Kernet : "Durung le'.jih suwe."
(Ora let suwe, Warno takon maneh)
Warno : "Wis tekan Jombang Lik?"
Kernet : "Durung le'..... jih adhuuooh..!"
(Warno bosen ora tekan2 akhire keturon)
Bis terus mlaku arah Suroboyo...ora kroso bis wis nglewati
Jombang, Kenek lali pesene mbok'e Warno, bareng kelingan
kernet langsung omong nang Sopir.... duuh kaaang!.. aku dosa
nang bocah kui !! (Karo nuding Warno sing lagi turu ) Kernet : Mau mbok'e nitipke..yen tekan Jombang bocahe tulung
kandhanono.
Supir : Waah lha piye kowe kui? Jombang wis kliwat adoh!
(Sopir bingung)
Tujune Sopire apik gelem balik nang Jombang, sakwise njaluk
persetujuan penumpang liyane mergo mesakke karo si Warno.
(Sakwis'e bis tekan Jombang, Warno digugah)
Kernet : Le..tangi le!, wis tekan Jombang ki ( nggoyak2 awak-e
Warno)
Warno njenggirat : Wis tekan Jombang lik?? (Karo grusa grusu
mbukak kantong! ngetokke sangune sego, Sambel, Lawuhe
Iwak Asin)
Kernet : Arep mudhun kene lee ???
Warno: "Ora lik... wong aku arep nang Suroboyo, mau mbokku
pesen, Sangune mengko dipangan nek wis tekan Jombang wae
ya lee..!!"( karo muluk segane ).
Jare kernet + supir + penumpang : " SAPI TENAN arek iki !!!!
TIWAS MBALIK!!!!!

Dikirim dari ponsel cerdas BlackBerry 10 saya dengan jaringan XL.

No comments: