Wednesday, April 20, 2016

Ra Ketompo

‎Wawancara Kerja Paling sulit dijaman sekarang.

B : Kowe duwe omah opo ora?
C : Dereng pak
B : Kowe ora iso ketompo nang kene
C : Lho kok ngaten?
B : Mengko kowe mesti ngajukne utang nang perusahaan
C : Ah.. mboten kok, sak janipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih
B : Malah ora ketompo
C : Lho kok ngaten pak?
B : Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong wae, chatting terus

B : Kowe duwe motor opo ora?
C : Mboten pak
B : Ora ketompo
C : Lho kok mboten?
B : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit
C : Sak janipun gadhah, ning tasih teng kampung, gampil mangke kulo beto mriki
B : Wah ora ketompo
C : Lho kok ngoten?
B : Tempat parkire wis kebak

B : Kowé wis lulus sarjana tenan?
C : Sampun pak
B : Ora ketompo, kéné iki golék sing SMA aé, luwih manutan lan mbayaré murah
C : Sakjanipun kulo tasih badhe skripsi
B : Malah ra ketompo
C : Lho kados pundi to?
B : Mengko kowé kerjo mung ngetik skripsi, lék wis lulus mesti golék kerjo neng perusahaan liyo

B : Kowé seneng guyon ora?
C : Mboten pak, kulo serius nék nyambut gawé
B : Ra ketompo
C : Wee lha...kok ngoten?
B : Engko konco2mu lan anak buahmu podho stress
C : Sakjané nggih sekedhik2 seneng guyon
B : Malah ora ketompo
C : Lho kok?
B : Mengko gaweanmu mung ndagel marahi nguyu terus ora podo kerjo

B : Anakmu akèh opo sithik ?
C : Kathah pak
B : Ora ketompo
C : Sebabipun ?
B : Nyambut gawemu ora tenanan mung mikir gawe anak terus
C : Lha wong namung anak adopsi kok
B : Tambah ora ketompo
C : Lho?
B : Gawé anak waé aras2en, opo manèh nyambut gawé

B : Kowé iso Internét ?
C : Mboten
B : Ora ketompo
C : Sebabipun ?
B : Perusahaan ora nompo Buta Internet
C : Sakjanipun nggih saget
B : Tambah ora ketompo
C : Lha kok?
B : Mengko gaweanmu mung update status sing lucu

B : Kowe waras?
C : Waras to Pak
B : Ra ketompo
C : Kenging nopo pak?
B : Mengko kowe ora krasan nang kene
C : Sakniki pun rodo edan
B : Tambah Ra tak tompo
C : Sebabe?
B : Mengko aku duwe saingan..

B : Jeneng mu sopo?
C : Tomi pak...
B : Kowe ra ketompo... Ganti nama dulu..
C : Sebetulnya Tomingse pak..
B : Tambah ra ketompo kowe nyindir aku. Tomingse kan tolong mingkem sedikit, kowe rep madani aku mrongos to..‎

Dikirim dari ponsel cerdas BlackBerry 10 saya dengan jaringan Telkomsel.

No comments: